Mo (hm?) Mo (ngapa ta?) Ana maling, Mo
(Esuk-esuk kok maling, esuk ki sarapan)
Mo, Romo, Romo, ana maling
(Dengkul kok diothek-othek)
Mo-mo-mo-mo, Romo (ngapa?) Ana maling (halah, halah)
Tulungana putramu sing kemalingan (klecam-klecem)
Eh, Mo-mo-mo-mo, Romo (ngapa?) Ana maling (sing endi?)
Yen aku edian, apa Romo ra kelangan?
(Lo, ya aja ta, Ndhuk, anak siji, eh)
Eh-mo-mo-mo-mo, Romo-mo (he'eh), ana maling
Telak-telik, rina-wengi ra karuan (ngapa ta, Ndhuk?)
Eh-mo-mo-mo-mo, Romo, ana maling
Ndang cekelen, gawa rene, ja dilawan
Nyekel maling pantese ya digebugi
Mo, adhuh, Romo, luwih becik aku mati
Ndhuk, eh, Gendhuk, malinge apa nggegirisi?
Alah tobat, Romo (piye?)
Malinge niku (eneng apa?) Adi peni (hm)
Sing digawa apa?
Niki sing gemandhul niki, Mo
Gemandhul sing endi?
Niki sing teng njero niki
Lo, aja ndlodog ngono
Niki lo sing teng jero dhadha
Ati kula sing digawa lunga (oh)
Ngono ya ngono, ngona-ngono, ning aja ngono
Dos pundi, dos pundi?
Ngono ya ngono, ngona-ngono, ning aja ngono
enjih
(Sing nyolong atimu ki sapa lo jane?)
Nika tiyang sebelah (sebelah ngendi?)
Niku, Saimun (Saimun?) Enjih
Enjih
(Hadhuh, Ndhuk, aja ya, Ndhuk) lo, king menapa?
(Aku ya ngesir mboke)
Lo, lah kok Bapak sing ndlogog ta, Pak? (Hus)
Romo, ana maling
Nyekel maling mbok pantese ya gebugana
Mo, wadhuh, Romo, luwih becik aku mati, Mo
Ndhuk, eh, Gendhuk, malinge apa nggegirisi?
Wadhuh-wadhuh, Romo, Romo, Romo (piye, piye?)
Malinge niku, Romo (sepira?) Adi peni
Sing digawa apa?
Niki sing gemandhul niki, Mo
Gemandhul sing endi?
Niki sing teng njero niki
Lo, aja ndlodog ngono lo we
Niki lo sing teng jero dhadha
Ati kula sing digawa lunga (ealah)
Ngono ya ngono, ngona-ngono, ning aja ngono
Dos pundi, dos pundi?
Ngono ya ngono, nanging ora pareng ngono
Ngono ya ngono (he'eh)
Ora pareng ngono (kuwi)
Ning wis kadhung ngono
(Lah-dalah, harak cilaka tenan ta nasibku?)
Nuwun sewu, Romo (au-ah, gelap)
- Lirik Lagu Romo Ono Maling - Titiek Puspa | Virus Cinta | 1997
- Lirik Lagu Romo Ono Maling - Eddy Silitonga | Romo Ono Maling | 1978